Ati (Grikenlan: ἡπαρ, hēpar) wujud klanjer gedhé dhéwé ing njero awak, manggon ana njero gronggongan weteng sisih tengen, peneré ing sangisoré diafragma. Ati iku sawijining organ ing vèrtebrata, kalebu manungsa. Organ iki duwé peran wigati ing métabolisme lan duwé sapérangan fungsi ing awak/badan kalebu panyimpenan glikogen, sintesis protéin plasma, lan netralaké obat. Ati uga mrodhuksi bile, kang wigati kanggo pancernan.
Adhedhasar fungsiné, ati uga kalebu minangka piranti èkskrèsi. Iki amarga ati mbiyantu fungsi ginjel kanthi cara mecah sapérangan senyawa kang asifat racun lan ngasilaké amonia, urea, lan asem urat kanthi mupangataké nitrogen saka asem amino. Prosès pamecahan senyawa racun déning ati diarani prosès detoksifikasi.
Lobus ati kawangun saka sèl parenkimal lan sèl non-parenkimal.[2] Sèl parenkimal ing ati diarani hepatosit, manggoni watara 80% volume ati lan nglakokaké manéka fungsi utama ati. 40% sèl ati ana ing lobus sinusoidal. Hepatosit wujud sèl endodermal kang kastimulasi déning jaringan mesenkimal kanthi terus-terusan wiwit embrio nganti ngrembaka dadi sèl parenkimal.[3] Sakwéné wektu mau, dumadi paningkatan transkripsimRNAalbumin minangka stimulan proliferasi lan diferensiasi sèl endodermal dadi hepatosit.[4]
Lumen lobus kawangun saka SEC lan dipanggoni déning 3 jinis sèl liya, kaya ta sèl Kupffer, sèl Ito, limfosit intrahepatik kaya ta sèl pit. Sèl non-parenkimal manggoni watara 6,5% volume ati lan mrodhuksi manéka substansi kang ngendhalèkaké akèh fungsi hepatosit.
Sèl Ito ana ing jaringan perisinusoidal, wujud sèl kanthi akèh vesikellemak ing njero sitoplasma kang ngiket SEC kuwat banget nganti mènèhaké lapisan gandha ing lumen lobus sinusoidal. Nalika ati ana ing kaanan normal, sèl Ito nyimpen vitamin A guna ngendhalèkaké kalenturan matriks èkstraselular kang diwangun mawa SEC, kang uga wujud kalenturan saka lumen sinusoid.
Saliyané iku, ing ati isih ana sèl T-γδ, sèl T-αβ lan sèl NKT.
Sebutan medhis kang ana gandhéngané karo ati lumrahé diwiwiti nganggo hepat- utawa hepatik saka tembung Yunani kanggo ati, ya iku hepar.
Sèl punca
Saliyané hepatosit lan sèl non-parenkimal, ing ati isih ana jinis sèl liya ya iku sèl intra-hepatik kang asring diarani sèl oval,[5] dan hepatosit duktular.[6] Régénerasi ati sawisé hepatektomi parsial, lumrahé ora nglibataké sèl progenitor intra-hepatik lan sèl punca èkstra-hepatik (hemopoietik), lan gumantung mung marang proliferasi hepatosit. Nanging sajeroning kaanan nalika proliferasi hepatosit kacandhet utawa katundha, sèl oval kang ana ing aréa periportal bakal ngalami proliferasi lan diferènsiasi dadi hepatosit diwasa.[5][7] Sèl oval wujud wangun diferènsiasi saka sèl progenitor kang ana ing aréa portal lan periportal, utawa kanal Hering,[8] lan mung tinemu nalika ati ngalami cidra.[9] Proliferasi kang dumadi ing sèl oval bakal minangka saluran èkskrèsi kang ngubungaké aréa parenkima papan dumadiné karusakan ati karo saluran empedu. Epimorfin, sawijining morfogen kang akèh tinemu duwé peran ing akèh organ epitelial, katoné uga duwé peran ing pambentukan saluran empedu déning sèl punca hepatik.[10] Sawisé iku sèl oval bakal kadiferensiasi dadi hepatosit duktular. Hepatosit duktular dianggep wujud sèl transisi kang magepokan antarané karo:[11]
Nalika ati cidra, sèl getih putih bakal distimulasi kanggo migrasi nuju ati lan bebarengan karo sèl Kupffer nyekresi sitokina kang gawé modhulasi prilaku sèl Ito.[17]Sèl TH1 mrodhuksi sitokina kang ngundhakaké rèspon kakebalan selular kaya ta IFN-gamma, TNF, lan IL-2. Sèl TH2 suwaliké bakal mrodhuksi sitokina kang ngundhakaké rèspon kakebalan humoral kaya ta IL-4, IL-5, IL-6, IL-13 lan ngundhakaké rèspon fibrosis. Sitokina kang disekresi déning sèl TH1 bakal nyandhet diferensiasi sèl T dadi sèl TH2, suwaliké sitokina sekresi TH2 bakal nyandhet proliferasi sèl TH1. Mula rèspon kakebalan asring ditélakaké kapolarisasi menyang rèspon kakebalan selular utawa humoral, nanging durung tau kaloroné.
Fungsi ati
Manéka jinis tugas kang dilakokaké déning ati, dilakokaké déning hepatosit. Nganti saiki durung tinemu organ liya utawa organ gawéan utawa piranti kang bisa nggantèkaké kabèh fungsi ati. Sapérangan fungsi ati bisa digantèkaké kanthi prosès dialisis ati, nanging tèknologi iki isih terus dikembangaké kanggo perawatan panandhang gagal ati.
empedu kang nganti ½ liter saben dina. Empedu wujud cuwèran semu ijo lan rasané pait, asalé saka hemoglobinsèl getih abang kang wis tuwa, kang banjur disimpen ing njero kanthong empedu utawa dièkskrèsi menyang duodenum. Empedu ngandhut kolesterol, garammineral, garam empedu, pigmèn bilirubin, lan biliverdin. Sekresi empedu migunani kanggo nyerna lemak, ngaktifaké lipase, mbiyantu daya absorpsi lemak ing usus, lan ngowahi dat kang ora larut sajeroning banyu dadi dat kang larut sajeroning banyu. Yèn saluran empedu ing ati kabumpet, empedu lumebu menyang parédharan getih saéngga kulit panandhang dadi semu kuning. Wong kang mangkono iku diarani nandhang lelara kuning.
insulin-like growth factor 1 (IGF-1), sawijining protéin polipeptida kang duwé peran wigati sajeroning pertumbuhan awak ing sajeroning mangsa bocah lan tetep duwé èfèk anabolik ing wong diwasa.
Ing triwulan awal pertumbuhan janin, ati wujud organ utama sintesis sèl getih abang, nganti tekan sakiwa-tengené sungsum balung mburi bisa njupuk alih tugas iki.
angiotensinogen, sawijining hormon kang duwé peran kanggo ngundhakaké tekanan getih nalika diaktivasi déning renin, sawijining enzim kang disekresi déning ginjel nalika dikawruhi kurangé tekanan getih déning juxtaglomerular apparatus.
Glikogenolisis, lintasan katabolismeglikogen dadi glukosa kanggo dieculaké menyang getih minangka rèspon ningkaté kabutuhan ènèrgi déning awak. Hormon glukagon wujud stimulator utama keloro lintasan glikogenolisis lan glukoneogenesis nglirwakaké awak saka simtomahipoglisemia. Ing modhèl tikus, defisiensi glukagon bakal nyandhet kaloro lintasan iki, nanging ngundhakaké toléransi glukosa.[19] Lintasan ini, bersama dengan lintasan glukoneogenesis padha saluran pencernaan dikendalikan olèh klanjerhipotalamus.[20]
Hépatosit, iku sèl kang unik banget. Potènsi hépatosit kanggo nglakokaké proliferasi, muncul nalika dumadi kélangan massa sèl,[22] kang diarani fasa prima utawa fasa kompetènsi réplikatif[23] kang lumrahé dipicu déning sèl Kupffer liwat sekresi sitokinaIL-6 lan TNF-α. Ing fasa iki, hepatosit ngleboni siklus sèl saka fasa G0 menyang fasa G1.
Proliferasi hépatosit diindhuksi déning stimulasi sitokina HGF lan TGF-α, lan EGF[24] kanthi rong lintasan. HGF, TGF-α, lan EGF wujud faktor patuwuhan kang asalé saka substratserina lan protéinlogam[25] kang ngindhuksi sintesisDNA.[23] Lintasan pisanan ya iku lintasan IL-6/STAT-3 kang duwé peran sajeroning siklus sèl liwat siklin D1/p21 lan pangreksan sèl kanthi paningkatan rasio FLIP, Bcl-2, Bcl-xL, Ref1, lan MnSOD. Lintasan kaloro ya iku lintasan PI3-K/PDK-1/Akt kang ngendhalèkaké ukuran sèl liwat molekulmTOR, saliyané minangka dat anti-apoptosis lan antioksidan.
Kamampuan ati kanggo ngèlakokaké régenerasi wis dikawruhi wiwit jaman Yunani kuna saka carita mitos ngenani sawijining titan kang jenengé Prometheus.[33] Kamampuan iki bisa sirna, nganti hépatosit ora bisa lumebu menyang njero siklus sèl, sanajan kèlangan sapérangan massané, yèn dumadi fibrosis ati. Lintasan fibrosis kang ora énggal éntuk parawatan, saya suwé bakal ngrembaka dadi sirosis ati[34] lan ngudokaké panandhangé kanggo nglakoni transplantasi ati utawa hépatèktomi kanggo tetep urip.
Régenerasi ati sawisé hépatèktomi parsial wujud prosès kang rumit banget ing sangisoré prabawa owah-owahan hémodinamika, modhulasisitokina, hormon faktor patuwuhan lan aktivasi faktor transkripsi, kang ngarah ing prosès mitosis. Hormon PRL kang disekresi déning klanjerhipofisis ngindhuksi respon hépatotrofik minangka mitogen kang duwé peran sajeroning prosès proliferasi lan diferensiasi.[35] PRL mènèhi prabawa marang paningkatan aktivitas faktor transkripsi kang duwé peran sajeroning proliferasi sèl, kaya ta AP-1, c-Jun lan STAT-3; lan diferensiasi lan kareksané metabolisme, kaya ta C/EBP-alfa, HNF-1, HNF-4 lan HNF-3. c-Jun wujud salah siji protéin panyusun AP-1.[36] Indhuksi NF-κB ing fasa iki diperlokaké kanggo nyegah apoptosis lan micu derapsiklus sèl kang wajar.[37] Ing wektu iki, peran retinil asetat dadi vital banget, amarga fungsiné kang nambah massaDNA lan protéin kang dikandhut.[38]
Lelara ing ati
Ati wujud organ kang nopang kalangsungan urip mèh kabèh organ liya ing njero awak. Amarga papan kang strategis banget lan fungsi multi-dimensional, ati dadi rentan banget marang tekané manéka lelara. Ati bakal ngrèspon manéka lelara mau kanthi ngradhang, kang diarani hepatitis
Fibrosis ati merlokaké pananganan seawal mungkin, kaya ing modhèl tikus, stimulasi proliferasi hépatosit bakal ngluruhaké fokus infèksi virus hepatitis B,[47] sadurungé ngrembaka dadi sirosis ati utawa karsinoma hepatoselular. Sawisé dumadi kanker ati, senyawasiklosporina kang duwé potènsi kanggo micu proliferasi hépatosit, malah bakal nyepetaké ngrembakané sèl kanker,[48] amarga sèl kanker ngalami hiperplasia hépatik, ya iku proliferasi kang ora dibarengi aktivasi faktor transkripsi genetik. Iki bisa diindhuksi mawa stimulasi timbal nitrat (LN, 100 mikromol/kg), siproteron asetat (CPA, 60 mg/kg), lan nafenopin (NAF, 200 mg/kg).[49]
Hépatitis uga bisa diwiwiti kanthi defisiensi mitokondria ing njero hepatosit, kang diarani steatohepatitis. Disfungsi mitokondria bakal duwé dampak tumrap homeostasis senyawa lipid lan paningkatan rasio spesi oksigèn reaktif kang ngindhuksi TNF-α.[50] Iki bakal terus ing pangendhepan lemak, stres oksidatif lan peroksidasi lipid,[51] sarta marakaké mitokondria dadi rentan marang pepati déning nekrosis akibat asoré rasio ATP sajeroning matrik mitokondria, utawa déning apoptosis liwat pambentukan apoptosom lan paningkatan permeabilitas membran mitokondria kanthi mekanisme Fas/TNF-α. Panyuwunan ènergi kang dhuwur ing kaanan iki njalari mitokondria ora bisa mulihaké cadhangan ATP nganti bisa micu sirosis ati,[51] éwadéné peroksidasi lipid bakal njalari karusakan ing DNA mitokondria lan membran mitokondria sisih njero kang diarani sardiolipin, kanthi paningkatan laju oksidasi-beta asem lemak, bakal dumadi akumulasi èlèktron ing respiratory chain komplèks I lan III kang ngedhunaké kadhar antioksidan.[50]
Sèl hépatosit apoptotik bakal dicerna déning sèl Ito dadi fibrinogen kanthi réaksi fibrogenesis sawisé diaktivasi déning prodhuk saka peroksidasi lipid lan rasio leptin kang dhuwur. Apoptosis kronis banjur dikompènsasi kanthi paningkatan laju proliferasi hépatosit, dikanthèni DNA kang rusak déning disfungsi mitokondria, lan njalari mutasi genetik lan kanker.
Konsumsi kopi kanthi teratur bisa ngedhunaké rasio enzim ALT sarta aktivitas enzimatik ing lintasan métabolisme ati,[69] kang asring disebabaké déning[70] infèksi viral, indhuksi usada, karacunan, kaanan iskemik, steatosis (akibat alkohol, diabetes, obesitas), lelara otoimun,[71] lan resistansi insulin, sindrom metabolisme,[72] lan kakèhen dat wesi.[73] Saliyané ALT, kopi uga ngedhunaké enzim ati liyané, ya iku gamma-GT lan alkalina fosfatase.[74] lan mènèhi èfèk antioksidan lan detoksifikasi fasa II amarga senyawa diterpena, kafestol lan kahweol,[75] saéngga nyegah dumadiné prosès karsinogenesis.[76][77] Prosès tersebut dibarengi dengan gamma-GT sebagai indikator utama.[78]
Transplantasi ati
Tèknologi transplantasi ati wujud asil kang dikembangaké saka panlitèn ing sapérangan babagan studi kadhokteran. Ing taun 1953, Billingham, Brent, lan Medawar nemu yèn toléransi kimerisme[79] bisa diindhuksi déning infussèl hematolimfopoietik donor ing modhèl tikus.[80]
Nalika taun 1958 studi canine ngembangaké sawijining téyori ngenani molekul hépatotrofik ing portal pambuluh walik ing ati lan nemu hormoninsulin minangka faktor hépatotrofik utama saka sapérangan faktor liya kang ana.[81] Ing wektu kang mèh bebarengan téyori ngenani transplantasi multiviseral lan ati uga ngrembaka saka studi imunosupresi kang nyinaoni algoritma empiris saka pangenalan pola lan rèspon térapis. Nalika awal 1960, dibuktèkaké yèn canine lan allograft manungsa nduwé toléransi kimersime kang bisa kaindhuksi otomatis kanthi bantuan imunosupresi, nganti akir 1962 disimpulaké kanthi klèru, yèn transplantasi nglibataké loro sistem kakebalan kang béda. Konsekwènsi kasimpulan mau dadi dogma yèn tolerogenisitas ati, dhasaré béda, ora mung karo sungsum balung mburi, nanging karo kabèh organ awak liyané.[80] Keklèron iki ora kakorèksi kanthi becik tekan taun 1990.[79]
Transplantasi ati kang pisanan dilakokaké ing Denver nalika taun 1963,[82] pisanan kasil kacathet nalika taun 1967 kanthi azatioprina, prednison lan globulin anti-limfoid, déning Thomas E. Starzl saka Amérikah Sarékat, disusul déning kasilé transplantasi sungsum balung mburi manungsa nalika taun 1968.[79] Rentang wektu antara taun 1967 tekan 1979 nyathet kaping 84 transplantasi ati ing bocah kanthi 30% daya tahan urip tekan 2 taun.[82]
Nrembakané studi imunosupresi banjur mènèhaké kabecikan lan pangarep-arep urip luwih dawa kanggo pasien, antarané kanthi panggantian azatioprina mawa siklosporina nalika taun 1979, banjur kagantèkaké mawa takrolimus nalika taun 1989.[81]
Nalika taun 1992, dikembangaké téyori mikrokimerisme leukosit donor[83] kanthi cakupan donor saka silsilah kang béda, kang mènèhaké pangarep-arep urip kang dawa banget kanggo panampa donor organ, sawisé dikawruhi gegandhèngan antarané aspèk imunologis saka transplantasi, infèksi, toléransi déning sungsum balung mburi, neoplasma lan kelainan otoimun, kang diarani mekanisme seminal. Rèspon kakebalan lan toléransi kakebalan antarané organ donor lan awak tinemu wujud fungsi saka migrasi lan lokalisasi leukosit.[80] Salah siji temuané ya iku aktivasi sistem kakebalan turunan déning sèl NK lan interferon-γ langsung sawisé transplantasi rampung dilakokaké.[84] Ing modhèl tikus, sèl hépatosit donor tinemu asifat antigenik banget saéngga njalari rèspon panulakan, kang bisa dilakokaké kanthi swatantra utawa bebarengan antarané sèl T CD4 lan sèl T CD8.[85]
Kanggo iku diperlokaké terapi imunosupresif kang intensif sadurungé transplantasi dilakokaké, kang diarani preparative regimen utawa conditioning kanggo nyegah panulakan organ donor déning sistem kakebalan inang.[86] Terapi imunosupresif mau ditujokaké kanggo nekan sèl T lan sèl NK inang guna mènèhaké ruwang ing njero sungsum balung mburi kanggo transplantasi sèl punca hematopoietik saka organ donor liwat terapi mielosupresif, kanggo kaseimbangan répopulasi sèl donor karo sèl asil diferensiasi saka sèl punca inang.
Diwasa iki, transplantasi ati dilakokaké mung nalika ati wis lumebu jenjang akir sawijining lelara, utawa wis dadi disfungsi akut kang diarani fulminant hepatic failure. Kasus transplantasi ati ing manungsa lumrahé disebabaké déning sirosis ati akibat saka hépatitis C kronis, katergantungan alkohol, hepatitis otoimun lsp.
Tèknik umum kang dipigunakaké ya iku transplantasi ortotopik, ya iku panempatan organ donor ing posisi anatomik kang padha karo posisi awal organ sadurungé. Transplantasi ati duwé potènsi bisa ditrepaké, mung yèn panampa organ donor ora duwé kaanan liya kang ngeboti, kaya ta kankermetastatis ing njaba organ ati, katergantungan marang usada utawa alkohol. Sapérangan ahli duwé pedoman ing kriteria Milan kanggo selèksi pasien transplantasi ati.
Organ donor, diarani allograft, lumrahé asalé saka manungsa liya kang nembé nilar donya akibat tatu utek traumatik (kadaverik). Tèknik transplantasi liya migunakaké organ manungsa kang isih urip, oprasi hepatektomi ngangkat 20% ati ing sègmèn Coinaud 2 lan 3 saka wong diwasa kanggo didonoraké marang sawijining bocah, nalika taun 1989.
↑"Ductular hepatocytes". Medical College of Virginia, Virginia Commonwealth University; Sirica AE. Dibukak ing 2010-08-01.
↑"Stem cells, cell transplantation and liver repopulation". Marion Bessin Liver Research Center, Division of Hepatology, Department of Medicine, Albert Einstein College of Medicine of Yeshiva University; Oertel M, Shafritz DA. Dibukak ing 2010-08-01.
↑"Bone marrow as a potential source of hepatic oval cells". Department of Pathology, School of Medicine, University of Pittsburgh; Petersen BE, Bowen WC, Patrene KD, Mars WM, Sullivan AK, Murase N, Boggs SS, Greenberger JS, Goff JP. Dibukak ing 2010-08-01.
↑"The myth of Prometheus and the liver". Department of Pathology, East Orange Veterans Affairs Medical Center; T S Chen dan P S Chen. Dibukak ing 2010-08-01.
↑"Reversal of liver fibrosis". Department of Internal Medicine, Division of Gastroenterology at King Fahad Hospital of the University; Ismail MH, Pinzani M. Dibukak ing 2010-08-01.
↑"Effect of Depletion of Vitamin A, followed by Supplementation with Retinyl Acetate or Retinoic Acid, on Regeneration of Rat Liver"(PDF). Department of Biochemistry, Indian Institute of Science; M. JAYARAM, K. SARADA dan J. GANGULY. Dibukak ing 2010-12-08. Although the rates of increase in the DNA and protéin contents reflected the rates of regeneration in all the groups, the RNA values followed a rather different pattern, in that they showed a striking increase immediately after supplementation with retinyl acetate (after the surgery),
↑ ab"Mitochondrial injury in steatohepatitis". Institut National de la Santé et de la Recherche Médicale (INSERM) Unité 481, Faculté de Médecine Xavier Bichat; Pessayre D, Fromenty B, Mansouri A. Dibukak ing 2010-08-05.
↑"CYP2E1 and Oxidative Liver Injury by Alcohol". Department of Pharmacology and Systems Therapeutics, Mount Sinai School of Medicine; Yongke Lu dan Arthur I. Cederbaum. Dibukak ing 2010-10-13.
↑"Ethanol prevents development of destructive arthritis". Department of Rheumatology and Inflammation Research, Center for Bone Research at the Sahlgrenska Academy, Göteborg University, Section for Medical Inflammation Research, Lund University; Ing-Marie Jonsson, Margareta Verdrengh, Mikael Brisslert, Sofia Lindblad, Maria Bokarewa, Ulrika Islander, Hans Carlsten, Claes Ohlsson, Kutty Selva Nandakumar, Rikard Holmdahl, dan Andrej Tarkowski. Dibukak ing 2010-10-11.
↑ ab"Coffee, diabetes, and weight control". Department of Health and Nutrition Sciences, Brooklyn College, City University of New York; Greenberg JA, Boozer CN, Geliebter A. Dibukak ing 2010-10-12.
↑"Coffee consumption and risk for type 2 diabetes mellitus". Harvard School of Public Health, Channing Laboratory, Harvard Medical School, and Brigham and Women's Hospital; Salazar-Martinez E, Willett WC, Ascherio A, Manson JE, Leitzmann MF, Stampfer MJ, Hu FB. Dibukak ing 2010-10-12.
↑ abc"History of clinical transplantation". Thomas E. Starzl Transplantation Institute, University of Pittsburgh Medical Center,; Starzl TE. Dibukak ing 2010-08-04.
↑ abc"The mystique of hepatic tolerogenicity". Transplantation Institute, Departments of Surgery, Pathology, and Pediatrics, University of Pittsburgh Medical Center; Starzl TE, Murase N, Demetris A, Trucco M, Fung J. Dibukak ing 2010-08-04.
↑Kufe, Donald W.; Pollock, Raphael E.; Weichselbaum, Ralph R.; Bast, Robert C., Jr.; Gansler, Ted S.; Holland, James F.; Frei III, Emil. (2003). Holland-Frei Cancer medicine. Dana-Farber Cancer Institute, Harvard Medical School Boston, Department of Surgical Oncology, University of Texas, MD Anderson Cancer Center, Department of Radiation and Cellular Oncology, University of Chicago Hospital, Chicago Tumor Institute, University of Chicago Chicago, University of Texas, MD Anderson Cancer Center, Houston, American Cancer Society, Derald H Ruttenberg Cancer Center, Mount Sinai School of Medicine New York (édhisi ka-6). Hamilton on BC Decker Inc.,. kc. Engraftment of Allogeneic Hematopoietic Transplants. ISBN1-55009-213-8. Dibukak ing 2010-08-09.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: multiple names: authors list (link)